Gedhe Tekade
Nuju wayah
sore, Bima
matur marang bapake,’’Pak,kula nyuwun benjang
angginipun bidhal sekolah, kula badhe nyepedha piyambak kemawon. Prelunipun kula saged prihatos lan boten ngrepotaken bapak. Menawi wonten prastawa kados wingi punika,
banipun kenging paku lajeng kula telat.
Kamangka wekdal punika pinuju ulangan.
Kula telat sawetawis boten saged ndherek ulangan.
Kula mangertos bilih Bapak ugi kemrungsung.’
Bapake wangsulan,’’Aku manthuk,Bim.
Nanging,apa kowe wis wani numpak sepedha dhewe tekan sekolahan?
Aku isih kuwatir,saiki dalane rame.’’Bima
matur,’’Wantun Pak, saking ngriki kancanipun kathah.
Bapak sampun kuwatos,kula badhe ngatos
–ngatos. Bidhalipun badhe mruput.’’Bapake ngedika,’’Wah,aku sarujuk,
Bim.Aku ora ngira yen kowe wis thukul pikire.Sesuk daktukokake
sepedha anyar. Sepdhamu kae wis rusak.’’Bima matur
,’’Boten kemawon,Pak. Sepedha punika kemawon dipundandosaken.Artanipun saking celengan kula.’’Bapake mangsuli,’’
Kowe kok gemi, Bim.Tegese gemi, ngati-ati anggone ngecakake
dhuwit. Dakkira dhuwit jajanmu saben
dina kuwi kok entekake. Ya,yen
ngono sesuk awan dak dandakake.’’
Ibune krungu rembuge Bima karo Bapake. Ibune ngendika,’’Bim,ya bocah kaya kowe
kuwi keno diparibasanake opor bebek mateng awake dhewek. Tegese,bisa mentas saka daya rekane dhewe.
Duwe pepenginan ora kudu kabeh-kabeh wong tuwane. Nanging,mbudi daya amrih bisane kasembadan sedyane,kanthi nyelengi kaya kowe kuwi.
Aku mongkog,Bim,yen kowe
bisa gemi lan ora boros jajanan.
Luwih-luwih kowe latihan madeg dhewe tanpa ngrepotake wong tuwa.’’
Sumber=Sinau Basa Jawa, halman 5
Karangan=Drs. Haryono,dkk
Terbitan=Yudhistira.
Di ketik ulang Oleh An Nida Nurul Fadhillah
Kelas IV
Tidak ada komentar:
Posting Komentar