Diberdayakan oleh Blogger.

Slamat datang di blog MI Attaqwa GUPPI Wojowalur

Semoga blog yang masih sederhana ini ada manfaatnya

Senin, 18 November 2019

Bahasa Jawa " Gedhe Tekade "


Gedhe  Tekade

                                 
Nuju wayah sore, Bima matur  marang  bapake,’’Pak,kula  nyuwun  benjang angginipun bidhal sekolah, kula badhe nyepedha piyambak kemawon. Prelunipun kula  saged  prihatos  lan  boten  ngrepotaken  bapak. Menawi  wonten  prastawa  kados  wingi   punika, banipun  kenging  paku  lajeng  kula  telat. Kamangka  wekdal  punika  pinuju  ulangan. Kula  telat  sawetawis  boten saged  ndherek  ulangan. Kula  mangertos bilih  Bapak  ugi  kemrungsung.’
Bapake  wangsulan,’’Aku  manthuk,Bim. Nanging,apa  kowe  wis  wani  numpak  sepedha  dhewe  tekan  sekolahan? Aku  isih  kuwatir,saiki  dalane  rame.’’Bima matur,’’Wantun  Pak,  saking  ngriki  kancanipun  kathah. Bapak  sampun  kuwatos,kula  badhe  ngatos –ngatos. Bidhalipun badhe  mruput.’’Bapake  ngedika,’’Wah,aku  sarujuk, Bim.Aku  ora  ngira  yen  kowe  wis  thukul  pikire.Sesuk  daktukokake sepedha  anyar. Sepdhamu   kae wis rusak.’’Bima matur ,’’Boten  kemawon,Pak. Sepedha  punika  kemawon  dipundandosaken.Artanipun  saking  celengan  kula.’’Bapake  mangsuli,’’ Kowe  kok  gemi, Bim.Tegese gemi, ngati-ati  anggone  ngecakake dhuwit. Dakkira  dhuwit  jajanmu  saben dina  kuwi  kok entekake. Ya,yen ngono  sesuk   awan  dak dandakake.’’
Ibune  krungu  rembuge  Bima  karo  Bapake.  Ibune  ngendika,’’Bim,ya  bocah  kaya  kowe kuwi  keno  diparibasanake  opor  bebek  mateng  awake  dhewek.  Tegese,bisa  mentas  saka  daya  rekane  dhewe. Duwe  pepenginan  ora  kudu  kabeh-kabeh  wong  tuwane.  Nanging,mbudi  daya  amrih  bisane  kasembadan  sedyane,kanthi  nyelengi  kaya  kowe  kuwi. Aku  mongkog,Bim,yen  kowe bisa  gemi  lan  ora  boros  jajanan. Luwih-luwih  kowe  latihan  madeg  dhewe  tanpa  ngrepotake  wong  tuwa.’’

Sumber=Sinau  Basa Jawa, halman 5
Karangan=Drs.  Haryono,dkk           
Terbitan=Yudhistira.
Di ketik ulang Oleh An Nida Nurul Fadhillah
Kelas IV













Bahasa Jawa "Duwe Ati Segara"


Duwe Ati  Segara

     Padukuhan Karang Kadhempel kalebu padukuhan kang ayem tentrem. Para wargane padha sayuk rukun ora tau padha pasulayan.  Sing dadi tetuwa ing padhukuhan iku asma kyai Badranaya. Kyai Badranaya tansah ngelingake supaya wargane aja padha seneng ngrungokake swara ala.Paribasane,ana catur mungkur. Kyai Badranaya kagungan putra telu lanang kabeh. Sing pambarep arane Gareng, adhine Petruk, lan sing wuragil Bagong. Bocah telu iku duwe watak dhewe-dhewe. Gareng watake criwas crawis. Petruk watake jujur. Dene Bagong watake seneng sembrana.
Udakara jam papat sore Gareng, Petruk, lan Bagong padha balapan engrang ana plataran. Lagi tengah-tengah padha dolanan, dumadakan Gareng tiba ketabrak egrange Bagong. Gareng nangis karo ngunek-unekake Bagong. Bagong ora trima banjur mbales ngunek-unekake Gareng. Petruk mlayu lapor bapake. Kyai Badranaya banjur ngundang bocah telu supaya leren anggone padudon . Kyai Badrana ngendika,’’Ngger,anakku. Kowe bocah telu iku sedulur.  Kowe kudu tansah rukun.Sediluran utawa kekancan iku kudu duwe ati segara. Wis saiki padha leren kana!Sing salah njaluk ngapura.’’
   Bagong rumangsa salah banjur njaluk ngapura marang Gareng. Gareng menehi pangapura karo weling supaya sesuk maneh aja dibaleni. Petruk genti ngandhani supaya Gareng dawa ususe utawa ora gampang nesu. Bocah telu banjur padha adus.



 Sumber=sinau basa jawa halaman2
 Karangan=Drs.Haryono dkk
 Terbitan=Yudhistira

Diketik ulang oleh Yelena Gilberty
kelas IV


 

Blogger news

About