Diberdayakan oleh Blogger.

Slamat datang di blog MI Attaqwa GUPPI Wojowalur

Semoga blog yang masih sederhana ini ada manfaatnya

Selasa, 19 November 2019

Bahasa Jawa " Raden Gatutkaca "


Raden Gatutkaca
Raden gatutkaca iku putrane Raden Werkudara lan Dewi Arimbi. Raden Gatutkaca nalika isih cilik asmane Raden Tutuka. Nalika kayangan suralaya diserang dening Patih Sekipu para dewa kuwalahan ngadhepi. Patih Sekipu diutus Prabu Pronco ratu ing trebelasuket nglamar bathari supraba nanging ditolak mula Patih Sekipu ngamuk. Bathara Narada entuk wangsitsing bisa ngalahke Patih Sekipu putrane Raden Werkudara kang isih bayi. Bathara Narada banjur nyilih Raden Tutuka lan digawa menyang karangan. Raden tutuka diebu karo Patih Sekipu. Para dewa sing weruh padha unjal ambegan weruh kahanan bayi kog diebu perang tandhing. Nanging aneh, Raden Tutuka ora kalah nanging malah saya ampuh. Patih Sekipu mati dicokot Raden Tutuka, para dewa seneng banget atine. Amarga saking bungahe karangan bisa tentrem, Radem Tutuka banjur diparingi pusaka wujud caping, klambi lan terompah. Asmane Raden Tutuka banjur diganti dadi Raden Gatutkaca. Raden Gatutkaca nduweni otot kawat, balung wesi, kulit tembaga. Raden Gatutkaca banjur dibalekake ana Jodhipati marang wong tuane yaiku Raden Werkudara.


Sumber LKS Bahasa Jawa Kelas 3
Di ketik Ulang Oleh Nafisa Eka Kurniasari
Kelas 3

Bahasa Jawa " Pasrawungan "


Pasrawungan

Urip ana masyarakat iku ora gampang. Watak saben wong iku ora padha, mula kudu isa anggone srawung. Srawung iku gegayutan karo wong akeh.Ana pasrawungan kudu duwe prinsip.Ora kena mung melu-melu ombyaking kahanan. Menawa duwe kepinginan kudu sing mantep. Supaya gegayuhan iku bisa kasil kudu sregep lan disiplin.
Ora beda urip ana sekolahan,karo kanca kudu sing rayuk lan sing rukun,ora kena padha pasaluyan.Pasulayan bisa njalari crah.Crah iku bisa agawe bubrahe kekancan.Menawa bisa rukun kabeh gegayuhane mesthi isa kelakon.Tuladha menawa oleh tugas kelompok saka pak guru,menawa rukun mesthi cepet rampung.Tuladha ana pasrawungan ing masyarakat yaiku nyimon.Nyimon iku mbiyantu bot repote wong kang lagi duwe.Umpamane mbiyantu wong kang duwe gawe mantu,utawa sunatan.

Sumber LKS Bahasa Jawa Kelas 3
Diketik Ulang oleh Nafisa Eka Kurniasari
Kelas 3

Bahasa Jawa " Gedhe Tekade "


Gedhe  Tekade

                                 
Nuju wayah sore, Bima matur  marang  bapake,’’Pak,kula  nyuwun  benjang angginipun bidhal sekolah, kula badhe nyepedha piyambak kemawon. Prelunipun kula  saged  prihatos  lan  boten  ngrepotaken  bapak. Menawi  wonten  prastawa  kados  wingi  punika, banipun  kenging  paku  lajeng  kula  telat. Kamangka  wekdal  punika  pinuju  ulangan. Kula  telat  sawetawis  boten saged  ndherek  ulangan. Kula  mangertos bilih  Bapak  ugi  kemrungsung.’
Bapake  wangsulan,’’Aku  manthuk,Bim. Nanging,apa  kowe  wis  wani  numpak  sepedha  dhewe  tekan  sekolahan? Aku  isih  kuwatir,saiki  dalane  rame.’’Bima matur,’’Wantun  Pak,  saking  ngriki  kancanipun  kathah. Bapak  sampun  kuwatos,kula  badhe  ngatos –ngatos. Bidhalipun badhe  mruput.’’Bapake  ngedika,’’Wah,aku  sarujuk, Bim.Aku  ora  ngira  yen  kowe  wis  thukul  pikire.Sesuk  daktukokake sepedha  anyar. Sepdhamu   kae wis rusak.’’Bima matur ,’’Boten  kemawon,Pak. Sepedha  punika  kemawon  dipundandosaken.Artanipun  saking  celengan  kula.’’Bapake  mangsuli,’’ Kowe  kok  gemi, Bim.Tegese gemi, ngati-ati  anggone  ngecakake dhuwit. Dakkira  dhuwit  jajanmu  saben dina  kuwi  kok entekake. Ya,yen ngono  sesuk   awan  dak dandakake.’’
Ibune  krungu  rembuge  Bima  karo  Bapake.  Ibune  ngendika,’’Bim,ya  bocah  kaya  kowe kuwi  keno  diparibasanake  opor  bebek  mateng  awake  dhewek.  Tegese,bisa  mentas  saka  daya  rekane  dhewe. Duwe  pepenginan  ora  kudu  kabeh-kabeh  wong  tuwane.  Nanging,mbudi  daya  amrih  bisane  kasembadan  sedyane,kanthi  nyelengi  kaya  kowe  kuwi. Aku  mongkog,Bim,yen  kowe bisa  gemi  lan  ora  boros  jajanan. Luwih-luwih  kowe  latihan  madeg  dhewe  tanpa  ngrepotake  wong  tuwa.’’

Sumber=Sinau  Basa Jawa, halman 5
Karangan=Drs.  Haryono,dkk           
Terbitan=Yudhistira.
Di ketik ulang Oleh An Nida Nurul Fadhillah
Kelas IV













Bahasa Jawa " Sapi Powang "

Sapi Powang

       Ngingu sapi  bisa ngasilake daging, susu, kulit, lan rabuk. Daging lan susu pinangka sumber organik. Sapi shorhorn saka inggris, friesian holstein saka walanda, yersey saka selat chanel, brown swiss saka switzeland, red danish saka denmark, lan droughtmaster saka astralia. Sapi powang seng akeh diinggu ing indonesia yaiku jinis frisian holstein. Sapi powang iki bisa ngasileke susu 25.000 kg ing saben taune.ngigu sapi powang kudu milih bibit ungul, dipakani kantih ajeng manut aturan, lan diupakara ing kandang sing resik,aman lan yaman. Kandhang digawe sing adoh seko omah warga, udakara 10 meter.papane sing tenggar, cukup sunare srengenge. Jogan dijrabah ngango semen utawa cukup lemah wae. Menawa lemah, dilemeki damen garing supaya anget lan gampang angone nimpali lethonge.ing mangsa ketiga  saben esuk utawa sore dumbar supaya sikile kuwat.
Tegerane sapi powang sing apik yaiku kaya mangkene.
  1.  Saka babon sing ngasilake susu akeh.
  2.   Endhas,gulu,lan awake rondo dawa , pundak lancip, gegerlan bokoge rata lan jembar
  3. Antarane sikil ngarep lan buri amba.
  4. Penthil sejajarlan cacahe ora luwih saka papat.
  5. Sehat lan ora cacad.



Sumber:sinau basa jawa.
Karagane:Drs haryono dkk
Terbite: yusditira
Halaman 64
Diketik ulang oleh Safi'i Ma'arif
Kelas IV


Senin, 18 November 2019

Salasilah kurawa


Kurawa kuwi putrane Prabu Dhestarastra ing Ngastina karo Dewi Gendari cacahe ana satus (satus), kakung sangang puluh sanga lan wadon siji yaiku Dewi Dursilawati. Satus tegese padha karo sata, mula kurawa uga aran Sata Kurawa putra kurawa mau ing antarane: Duryudana, Dursasana, Durmagati, Durmuka, Dursala, Citraksa, lan Citraksi. Satria sing manunggal karo kurawa ing antarane: Jyaajatra saka banakeling lan Aswatama putra pandhita Durna saka sokalima. Pandhita Durna kuwi gurune kurawa lan pandhawa nalika ing kraton Ngastina. Adipati karna utawa adipati ngawanggan, sedulur tuwa para pandhawa lan patih Arya sunan utawa patih Sengkuni, rayi Dewi Gendari.
Sata kurawa ora seneng marang pandhawa. Naliko lakon pandhawa dhadhu kurawa lan pandhawa padha main dhadhu. Tohe wiwitane mung sepele sepele wae. Suwe suwe Yudhistira makili kadang kadange notohake warisan separo negara Ngastina. Wusana padhawa kalah merga trakahe arya Sengkuni sing ora jujur. Pandhawa lima lan Dewi Kunthi banjur ditundhug saka negera Ngastina lelana ing tengah alas nganti 13 taun suwene.

Sumber : sinau Bahasa Jawa
Karangan Drs Haryono, dkk
Terbitan yudhistira
Halaman 84
Diketik ulang oleh Bagas Dwi Saputra
Kelas IV


Bahasa Jawa "Semar"


                                                   Semar     


  Semar kuwi dewa aran Bethara Ismaya. Semar sedulure Bethara Guru utawa Bethara Manikmanya.Semar lan Bethara Guru kuwi putrane Sang Hyang Tunggal. Bethara Guru ana Kahyangan, dene Semar dititahake ing marcapada (donya) pinangka pamomonge pandhawa.
Semar wujude asline bagus. Sawise tumintah ing marcapada muleh rupane dadi elek. Semar duwe watak sabar, welas asih, lan ora tau nduwe rasa susah. Nanging menawa nesu,ora ana wong sing bisa ngalang – alanggi. Senadyan dewa ora ana sing wani. Titenane,menawa nesu luhe dleweran lan bola - bali ngentut.
Semar tansah ngasorake sarira. Menawa matur marang bendarane kanthi andhap asor. Nanging, yen ngomong karo dewa kaya kanca biyasa. Semar cengeng,gampang nangis. Menawa bendarane ngadhepi bebaya, semar nanggis nganggo wangsalan.
    Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong pinangka wulu cumbune pandhawa. Semar nduwe ciri mripat rembesen,irung nyunthi, lambe ngisor rada dawa, rambut jambul, nganggo gelang, bokong gede, lan tanggan tansah di banda.

Sumber: Sinau Basa Jawa, hal 89
Karangan: Drs. Haryono dkk.
Terbitan: Yudistira

             
Diketik ulang oleh Fadil Maulana Dwi Saputra
Kelas IV

Bahasa Jawa " Gedhe Tekade "


Gedhe  Tekade

                                 
Nuju wayah sore, Bima matur  marang  bapake,’’Pak,kula  nyuwun  benjang angginipun bidhal sekolah, kula badhe nyepedha piyambak kemawon. Prelunipun kula  saged  prihatos  lan  boten  ngrepotaken  bapak. Menawi  wonten  prastawa  kados  wingi   punika, banipun  kenging  paku  lajeng  kula  telat. Kamangka  wekdal  punika  pinuju  ulangan. Kula  telat  sawetawis  boten saged  ndherek  ulangan. Kula  mangertos bilih  Bapak  ugi  kemrungsung.’
Bapake  wangsulan,’’Aku  manthuk,Bim. Nanging,apa  kowe  wis  wani  numpak  sepedha  dhewe  tekan  sekolahan? Aku  isih  kuwatir,saiki  dalane  rame.’’Bima matur,’’Wantun  Pak,  saking  ngriki  kancanipun  kathah. Bapak  sampun  kuwatos,kula  badhe  ngatos –ngatos. Bidhalipun badhe  mruput.’’Bapake  ngedika,’’Wah,aku  sarujuk, Bim.Aku  ora  ngira  yen  kowe  wis  thukul  pikire.Sesuk  daktukokake sepedha  anyar. Sepdhamu   kae wis rusak.’’Bima matur ,’’Boten  kemawon,Pak. Sepedha  punika  kemawon  dipundandosaken.Artanipun  saking  celengan  kula.’’Bapake  mangsuli,’’ Kowe  kok  gemi, Bim.Tegese gemi, ngati-ati  anggone  ngecakake dhuwit. Dakkira  dhuwit  jajanmu  saben dina  kuwi  kok entekake. Ya,yen ngono  sesuk   awan  dak dandakake.’’
Ibune  krungu  rembuge  Bima  karo  Bapake.  Ibune  ngendika,’’Bim,ya  bocah  kaya  kowe kuwi  keno  diparibasanake  opor  bebek  mateng  awake  dhewek.  Tegese,bisa  mentas  saka  daya  rekane  dhewe. Duwe  pepenginan  ora  kudu  kabeh-kabeh  wong  tuwane.  Nanging,mbudi  daya  amrih  bisane  kasembadan  sedyane,kanthi  nyelengi  kaya  kowe  kuwi. Aku  mongkog,Bim,yen  kowe bisa  gemi  lan  ora  boros  jajanan. Luwih-luwih  kowe  latihan  madeg  dhewe  tanpa  ngrepotake  wong  tuwa.’’

Sumber=Sinau  Basa Jawa, halman 5
Karangan=Drs.  Haryono,dkk           
Terbitan=Yudhistira.
Di ketik ulang Oleh An Nida Nurul Fadhillah
Kelas IV













Bahasa Jawa "Duwe Ati Segara"


Duwe Ati  Segara

     Padukuhan Karang Kadhempel kalebu padukuhan kang ayem tentrem. Para wargane padha sayuk rukun ora tau padha pasulayan.  Sing dadi tetuwa ing padhukuhan iku asma kyai Badranaya. Kyai Badranaya tansah ngelingake supaya wargane aja padha seneng ngrungokake swara ala.Paribasane,ana catur mungkur. Kyai Badranaya kagungan putra telu lanang kabeh. Sing pambarep arane Gareng, adhine Petruk, lan sing wuragil Bagong. Bocah telu iku duwe watak dhewe-dhewe. Gareng watake criwas crawis. Petruk watake jujur. Dene Bagong watake seneng sembrana.
Udakara jam papat sore Gareng, Petruk, lan Bagong padha balapan engrang ana plataran. Lagi tengah-tengah padha dolanan, dumadakan Gareng tiba ketabrak egrange Bagong. Gareng nangis karo ngunek-unekake Bagong. Bagong ora trima banjur mbales ngunek-unekake Gareng. Petruk mlayu lapor bapake. Kyai Badranaya banjur ngundang bocah telu supaya leren anggone padudon . Kyai Badrana ngendika,’’Ngger,anakku. Kowe bocah telu iku sedulur.  Kowe kudu tansah rukun.Sediluran utawa kekancan iku kudu duwe ati segara. Wis saiki padha leren kana!Sing salah njaluk ngapura.’’
   Bagong rumangsa salah banjur njaluk ngapura marang Gareng. Gareng menehi pangapura karo weling supaya sesuk maneh aja dibaleni. Petruk genti ngandhani supaya Gareng dawa ususe utawa ora gampang nesu. Bocah telu banjur padha adus.



 Sumber=sinau basa jawa halaman2
 Karangan=Drs.Haryono dkk
 Terbitan=Yudhistira

Diketik ulang oleh Yelena Gilberty
kelas IV


Bahasa Jawa "Tawon Madu"


Tawon Madu
        Madu duwe kasiyat sing gedhe tumrap kasarasan. Mula akeh manungsa sing mbudi daya ternak tawon madu. Papan sing cocok yaiku ing pangonan sing edhum lan ora akeh angin, akeh kekembangan, sarta banyu tuk sing bening. Mula, ternak tawon madu biasane pindhah-pindhah panggonan manut mangsane tetanduran padha kembang.
       Jinis tawon madu bibit unggul yaiku Apis mellifera. Ternak tawon madu kuwi digawe koloni – koloni. Koloni yaiku gerombolan tawon ing saben susuh utawa tala. Saben koloni dumandi seka: ratu tawon siji, tawon lanang sewu, lan tawon pekerja sangang ewu. Tawon ratu tugase mimpin lan ngendhong. Tawon lanang tugase njaga keamanane susuh utawa tala. Dene tawon pekerja tugase golek nektar. Nektar yaiku legen ing kembang sing disedot tawon pinangka bahan bakune madu.
       Ternak  tawon madu anggone panen saben telung sasi sapisan. Saben koloni ing kaanan biyasa bisa ngasilake madu 4 kg saben panen. Ing mangsa paceklik kembang ngasilake 2 kg. Dene ing mangsa akeh kembang biasane ngasilake madu nganti 8 kg saben panen.




Sumber : Sinau Basa Jawa
Karangan : Drs. Haryono dkk.   
Terbitan : Yudistira

Diketik ulang oleh Latief Permana Putra


Minggu, 10 November 2019

Kisah Jeje Si Jerapah



            Dipadang  rumput  yang  luas  hiduplah Sekelompok  jerapah .Ada  jerapah  bernama  jeje  dan  jojo .  Jeje  bersifat  sombong  karena  merasa  tubuh  nya paling  tinggi.  Jojo  bersifat  baik  hati  tubuhnya  tidak terlalu   tinggi. Pada  suatu  hari  kakek  jerapah  minta  tolong  pada  jeje  dan  jojo.Namun  jeje  menolak .” Tidak  mau  kek.saya  sedang  repot”. Jojo  dengan  sekuat  tenaga  mengambil  daun  segar  untuk  kakek  jerapah. Suatu  hari  jeje  mendapat   kesulitan. Jeje Jatuh kakinya terjepit bebatuan. Teman-teman hewan  lain  tidak  tega  melihat  jeje  kesulitan.mereka  menolong  jeje. Akhirnya  jeje  sadar  bahwa  saling  menolong  antar  teman  itu  penting. 

Sumber Buku Tematik Terpadu Kurikulum 2013 Kelas 2, Tema 1 Hidup Rukun, halaman 175
Tugas TIK kelas V 11/11/2019
Diketik ulang oleh Nazzam Hikmawan

 

Blogger news

About