Diberdayakan oleh Blogger.

Slamat datang di blog MI Attaqwa GUPPI Wojowalur

Semoga blog yang masih sederhana ini ada manfaatnya

Selasa, 19 November 2019

Bahasa Jawa " Gedhe Tekade "


Gedhe  Tekade

                                 
Nuju wayah sore, Bima matur  marang  bapake,’’Pak,kula  nyuwun  benjang angginipun bidhal sekolah, kula badhe nyepedha piyambak kemawon. Prelunipun kula  saged  prihatos  lan  boten  ngrepotaken  bapak. Menawi  wonten  prastawa  kados  wingi  punika, banipun  kenging  paku  lajeng  kula  telat. Kamangka  wekdal  punika  pinuju  ulangan. Kula  telat  sawetawis  boten saged  ndherek  ulangan. Kula  mangertos bilih  Bapak  ugi  kemrungsung.’
Bapake  wangsulan,’’Aku  manthuk,Bim. Nanging,apa  kowe  wis  wani  numpak  sepedha  dhewe  tekan  sekolahan? Aku  isih  kuwatir,saiki  dalane  rame.’’Bima matur,’’Wantun  Pak,  saking  ngriki  kancanipun  kathah. Bapak  sampun  kuwatos,kula  badhe  ngatos –ngatos. Bidhalipun badhe  mruput.’’Bapake  ngedika,’’Wah,aku  sarujuk, Bim.Aku  ora  ngira  yen  kowe  wis  thukul  pikire.Sesuk  daktukokake sepedha  anyar. Sepdhamu   kae wis rusak.’’Bima matur ,’’Boten  kemawon,Pak. Sepedha  punika  kemawon  dipundandosaken.Artanipun  saking  celengan  kula.’’Bapake  mangsuli,’’ Kowe  kok  gemi, Bim.Tegese gemi, ngati-ati  anggone  ngecakake dhuwit. Dakkira  dhuwit  jajanmu  saben dina  kuwi  kok entekake. Ya,yen ngono  sesuk   awan  dak dandakake.’’
Ibune  krungu  rembuge  Bima  karo  Bapake.  Ibune  ngendika,’’Bim,ya  bocah  kaya  kowe kuwi  keno  diparibasanake  opor  bebek  mateng  awake  dhewek.  Tegese,bisa  mentas  saka  daya  rekane  dhewe. Duwe  pepenginan  ora  kudu  kabeh-kabeh  wong  tuwane.  Nanging,mbudi  daya  amrih  bisane  kasembadan  sedyane,kanthi  nyelengi  kaya  kowe  kuwi. Aku  mongkog,Bim,yen  kowe bisa  gemi  lan  ora  boros  jajanan. Luwih-luwih  kowe  latihan  madeg  dhewe  tanpa  ngrepotake  wong  tuwa.’’

Sumber=Sinau  Basa Jawa, halman 5
Karangan=Drs.  Haryono,dkk           
Terbitan=Yudhistira.
Di ketik ulang Oleh An Nida Nurul Fadhillah
Kelas IV













Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 

Blogger news

About