Duwe Ati Segara
Padukuhan Karang Kadhempel kalebu padukuhan kang ayem tentrem. Para wargane padha sayuk rukun ora tau padha pasulayan. Sing dadi tetuwa ing padhukuhan iku asma kyai Badranaya. Kyai Badranaya tansah ngelingake supaya wargane aja padha seneng ngrungokake swara ala.Paribasane,ana catur mungkur. Kyai Badranaya kagungan putra telu lanang kabeh. Sing pambarep arane Gareng, adhine Petruk, lan sing wuragil Bagong. Bocah telu iku duwe watak dhewe-dhewe. Gareng watake criwas crawis. Petruk watake jujur. Dene Bagong watake seneng sembrana.
Udakara jam papat sore Gareng,
Petruk, lan Bagong padha balapan engrang ana plataran. Lagi tengah-tengah padha
dolanan, dumadakan Gareng tiba ketabrak egrange Bagong. Gareng nangis karo
ngunek-unekake Bagong. Bagong ora trima banjur mbales ngunek-unekake Gareng. Petruk
mlayu lapor bapake. Kyai Badranaya banjur ngundang bocah telu supaya leren
anggone padudon . Kyai Badrana ngendika,’’Ngger,anakku. Kowe bocah telu iku
sedulur. Kowe kudu tansah
rukun.Sediluran utawa kekancan iku kudu duwe ati segara. Wis saiki padha leren
kana!Sing salah njaluk ngapura.’’
Bagong rumangsa salah banjur njaluk
ngapura marang Gareng. Gareng menehi pangapura karo weling supaya sesuk maneh
aja dibaleni. Petruk genti ngandhani supaya Gareng dawa ususe utawa ora gampang
nesu. Bocah telu banjur padha adus.
Sumber=sinau
basa jawa halaman2
Karangan=Drs.Haryono
dkk
Terbitan=Yudhistira
Diketik
ulang oleh Yelena Gilberty
kelas IV
Tidak ada komentar:
Posting Komentar